Kisah Lucu Orang Samen di Tilang Polisi, Bahasa jawa

09:41:00

Iki cerito tenanan ora karangan.Travel soko pati jurusan jogja sopire ndelalah wong samin, pesenku yen ono urusan karo wong SAMIN mending urusan karo KOPASUS wae, cepet rampung koyo kasus cebongan.

Wong samin kwi wong sing terkenal ngeyele pol pekok e ora umum, yo ora kabih ning roto-roto.Nah si supir iki ngeterke penumpang tujuan ngayogyakarta. Ndilalah tekan kota purwodadi ono polisi golek masalah, nyegat travel iki mau.

P: polisi
S: samin

P: Sugeng injing pak, ngaputen pak saget ndelok surat-suratmu.

S: ora iso pak ... Suratku dicekel bojoku...

P:?... Ngapunten pak surat kendaraan .

S: Nah nek niku paham kulo, fakture lan kwitansine sik nyekel yo bosku pak, aku iki mung sopir...

P: ??... STNK, SIM pakS: walah pak omongan ora ceto, niki STNK lan SIM e.

P: pak ngerti mboten salahe njenengan.

S: yo oralahpak nek ngerti aku wis tobat lan jaluk ngapuro.

P: njiiiiih... Leres kok pikir riyoyo ...ngapuro-ngapurona­n( karo rodo mecucu wisan) penumpange 
cekikikan........

P: niki mobile sampean wis mati pak ket tahun wingi.

S: wah yo ora to pak nek mati yo ora bakal tekan kene, wong tak tumpak i mbendino lancar kok.

P: Rrrr.....Stnkmuwis mati pak, iki tak tilang mobilmu tak tahan, monggo diurus sikek surat-surate.

S: welah pak emang salah opo mobilku di tahan, nyolong ora, ngerampok yo ora....

P: Rrrr...!!!, piye yo sik njelaske..hemh,Pokok­e tak tahan iki wis melanggar aturan- kok urus sikek nik pengadilan, yen wis ono putusan rene maneh.

S: nah.. Nah nah yo too.. Salae ora jelas, malah disidang terus sopo sik mbelo lan bar iki mobilku arep kok penjara to.... Ora jelas hukume iki pak.


P: Polisine telp bolone... Break-break, •" koe iso renera ki mumet ndasku" break break...jawabe koncone "ora iso kie aku lagi masuk angin nik pos" .Polisine bali maneh ngedepi wong SAMIN iki terus sabar njelaske panjang lebar maslah aturan denda dan macem kiro2 setengah jam lagi kelar.

S: yo wis mobile tahanen, ning penumpangku iki piye urusen... Ben lah aku ora tanggung jawab ben do sak karepe dewe, iki ono wong tuo 4 ono wong meteng barang.

Nek do klenger nek ndalan koe sik tanggung jawab, nek do ngelairke nek ndalan keo dadi bapak e, nek umpomo do dadi gelandangan trus keluargane ora nerimake koe sik tanggung jawab, trus nek wong tuo-tuo iki do ilang koe sik goleki, aku tak mulih ngebis wae.....

Kiro-kiro setengah jam ngomyang, lagi rampung , polisine rodo galau bingung sedih, ragu-ragu, salah tingkah trus melongok nik njero mobil ngecek penumpangan nganggo rai datar.

P: sik-sik... Ngene wae damai wae tapi tetep tak tilang dendane 500 ewu arep kok bayar dewe opo kok titipke aku, penumpangmu gowonen.

S: nah ngono kan enak to pak, damai wae, yo wis bayaren dendane 500 ewu titip njenengan itung-itung nulung aku ro penumpangku.

P: hek ? ...ehk. Koe sik mbayar udu aku, iki aku ngewangi. Mbayarke tok.

S: oalah pak2 ora damai nek iki ngajak gelutan piye?. Aku kie sopiir ora gowo duit penumpang, wis do Mbayar karo bossku, ngene wae mobil sak penumpange tak tinggal kene aku tak njeput bosku nik SAMIN, sesok awan tekan kene !

P: oiiiit, wis- wis minggato wae, kampret tenan koe ki ! rasah njeput bosmu, anak buahe wae koyo ngene ruwette opo maneh bossmu iso edian aku, kono mlaku wae ndang cepet rasah lewat ngarepku maneh sepeet motoku.

Bar kwi polisine lungo karo rodo ora trimo irunge mengkap-mengkap, trus embuh do ngomong opo.. Terus Sopire travel SAMIN mlaku menyang jogja karo rai ora ndue doso koyo ora ono opo-opo. Polisine balik ning pos koyone karo nekem sirah trus dolanan pistol...


tags: kisah orang samin, kisah lucu orang samin

Share this :

Previous
Next Post »
6 Komentar

Penulisan markup di komentar
  • Silakan tinggalkan komentar sesuai topik. Komentar yang menyertakan link aktif, iklan, atau sejenisnya akan dihapus.
  • Untuk menyisipkan kode gunakan <i rel="code"> kode yang akan disisipkan </i>
  • Untuk menyisipkan kode panjang gunakan <i rel="pre"> kode yang akan disisipkan </i>
  • Untuk menyisipkan quote gunakan <i rel="quote"> catatan anda </i>
  • Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image"> URL gambar </i>
  • Untuk menyisipkan video gunakan [iframe] URL embed video [/iframe]
  • Kemudian parse kode tersebut pada kotak di bawah ini
  • © 2015 Simple SEO ✔